Text

Antara FUCK, JANCUK, JANCOK dan DOLLY

(kesalapahaman yang terdoktrin)

 

Sadurunge moco bukaen motomu ojo mek nggawe perasaan!

Dadi Ayo saiki monggo belajar ilmiah, ojo mek iso ndoktrin lek jancuk iku elek thok!

 

Opo iku jancuk?

Pasti akeh seng jawab iki :

Jancuk iku kotor

Jancuk iku misuh

Jancuk iku gak nggenah, elek, kemproh, najis, taek, telek, sakkarepmu….

 

Terus opo iku FUCK?

Pasti jawabane yo gak adoh teko seng nang ndukur!

 

Saiki sopo seng ngerti asal-muasale jancuk karo fuck muncul?

95% pasti gak weruh, mek dikandani wong tuwek lek yo wes elek ngunu ae…

5% weruh sawise googling, apene takok wong tuwek malah dituturi…

 

mboh sopo seng mulai ngomong jancuk, sampe saiki durung ono seng iso njelasno. Ono seng ngomong iku basa arab, basa belanda, basa cino, tapi seng paling cidek iku jancuk dipadakno artine karo ngencuk (bersetubuh) TAPI…TAPI… ojo komentar sek! kata jancuk iki tambah taon tambah mrene kenek perluasan makna kata. Kata jancuk saiki iso mlebu nang macem-macem ekspresi. Lek jare sudjiwotedjo spektrum jancuk iku luas, ojo diarti’no mek kata kotor.

Contoh :

- Jancuk, dompetku ilang cuk!

- Jancuk, aku ketrimo nang snmptn rek!

- Hei jancuk, yo’opo kabarmu cuk?

- Jancuk, pacarku selingkuh!

- Jancuk… jancuk… jancuk….

pas seneng ngomong jancuk, pas susah ngomong jancuk, pas lapo ae yo jancuk!

 

Seng bener iku JANCOK opo JANCUK seh?

Ono seng ngeyel JANCOK ae luwih lego timbang JANCUK, tapi iku mek perasaan ae la’an gak ilmiah. Lek ndelok teko kata dasare seng dipadakno karo kata ngencuk, dadi seng bener yo JANCUK, TAPI berhubung logate wong jowo opo maneh logat wong suroboyo iku nyebut huruf U iso dadi O, yo ojo salahno lek berubah dadi JANCOK, iku mek kenek pelafalan dan logat ae kok, pengen nulis JANCUK monggo, nulis JANCOK yo monggo… gak usah eker-ekeran

 

Trus saiki opo bedane karo FUCK?

saiki aku takon opo artine FUCK? ngencuk? padahal asline fuck iku gak ono hubungane karo artine ngencuk. fuck iku biyen teko singkatan Fornication Under Consent of The King (Hubungan intim telah mendapatkan ijin dari raja). 

bingung kok singkatane ngunu? 

ngene critane, pas jaman biyen nang inggris iku kabeh aturan diatur raja, sampe nang urusan nggawe anak/ngencuk! nah gawe seng pengen ngencuk opo nggawe anak iku kudu ijin nang raja, seng oleh ijin bakal oleh tanda tulisan FUCK seng dideleh nang ngarepe lawang omahe wong seng apene ngencuk iku!

saiki…

kedadeane FUCK karo jancuk iki podo ae asline, FUCK akhire ngalami perluasan kata seng asale singkatan teko raja inggris, akhire artine iso dadi ngencuk, tapi pas jaman saiki kata fuck iki ngalami perluasan kata maneh, lek gawe wong inggris iku kata seng melok’i “expresi” pisan podo koyo’ jancuk.

tapi lek ngomong jancuk karo fuck iku duso lho!

sopo seng ngomong duso? 

pasti dudu teko awakmu dewe toh? 

pasti dudu teko pikiranmu dewe toh? 

LEK JAREKU lho yo, jancuk iku gak duso! 

Engko awakmu iso mlebu neroko lho lek misuh jancuk ae saben dino!

Iki pisan, seng ngomong koyo’ ngene berarti ngalah-ngalahi seng kuoso ae, surgo neroko dudu menungso seng nentukno, gak mesti yoan wong seng gak misuh iku pasti mlebu surgo. 

saiki opo seng nggarai jancuk iku dadi duso? 

opo gara-gara seng dipada’no karo ngencuk? 

LEK JAREKU jancuk gk ono hubungane karo agama, tapi jancuk iku mek masalah ETIKA karo mindset pikiranmu!

 

Saiki aku tau weruh ono celukan gawe dulur wedok nang daerah njobo suroboyo iku nggawe celukan CUK, trus opo yo iso langsung dianggep duso? Ojo berpikiran sempit tah rek! Mek gara-gara di doktrin wong tuwek-tuwek lek jancuk iku rusuhan, lek jancuk iku kotor langsung manut ae gak digoleki kenek opo kok iso koyo’ ngunu

 

Catetan penting!

Seng jelas awakmu kudu ngerti panggon pas ngomong jancuk, ono sopo nang kono, koncomu opo wong tuwomu. soale gak kabeh wong iso nrimo lek ono wong seng lambene misah-misuh ae. opo maneh lek dudu arek suroboyo.

awakmu ngomong jancuk karo sopo? pas ono sopo? lek nang wong seng luweh tuwek seng gak ngerteni paling-paling mek ditapuk lambemu, nah lek misuhi wong seng ngerti paling yo dibales pisuhan yoan! tapi cobaen nang arek seng sa’pantaran awakmu, opo maneh koncomu dewe, paling yo dijarno ae, paling malah pisuh-pisuhan. malah ngguyu-ngguyu bareng. Saiki cobaen pisan pisuhono wong teko luar pulau opo luar negri paling yo de’e tolah-toleh gak weruh artine.

 

aku njelasno arti jancuk kabeh koyo’ ngene dudu nggarai awakmu kudu misuh-misuh saben dino, saben jam, aku mek pengen ngutarakno pendapat 

 

pas posoan = stop misuh?

sepurane aku dudu wong seng MUNAFIK pisan, gara-gara poso terus aku mandeg misuh, trus pas wes mari posoan misuh maneh! iku berarti aku munafik! 

njogo omongan iku pancen kudu dilakokno kapan ae gak mek posoan, tapi  gak usah dadi wong seng munafik.

Seng diarani wong munafik iku termasuk seng rai pabrikan pasar turi tapi pas misuh ngomong Fuck dudu jancuk! Ce’ luwih keren opo sangar ngunu tah? -_-

 

Tambahan ae iki!

Aku sampe saiki kudu ngguyu ae lek ono seng risih nulis opo nyebut DOLLY. Ono seng nulis DOLLY ae kudu ono tanda bintang koyo’ ngene, d*lly ; do**y. Lek fuck dadi f*ck sek iso dingerteni, lha seng dolly iku lalapo seh risih ngunu? Padahal dolly iku ngunu asal-muasale teko jeneng pendirine, yoiku Tante DOLLY van der mart. Trus opo iyo lek nyebut dolly iku duso? Tabu? Hash gak usah pikiran sempit rek!

 

Mugo-mugo opo seng ta’tulis iki iso diwoco karo kabeh wong. Aku nulis dowo-dowo koyo’ ngene asline yo mek pengen ngelurusno ae ce’ gak salah paham, ce’ gak eker-ekeran, iki ngunu jareku, gak peduli cangkeme wong liyo. soale aku sadar pas nulis iki pasti ono ae wong seng PRO karo KONTRA tapi iku pancen pendapat wong beda-beda, tapi lek gak trimo yo iku urusanmu karo keluargamu! :)

 

asline lho rek sumber informasi seng ta’tulis iki ngunu ono kuuabeh nang internet, mek koen ae seng gak gelem nggoleki karo lebih sreg twitteran ae timbang golek ilmu nang internet…. #kalem

sepurane lek basaku campur-campur, soale aku mek pengen tulisanku gampang di ngerteni 

nedho nrimo dulur :)

Text

HOI AREK SUROBOYO…
koen wes tau nggawe bangga kotamu durung?
lek durung berarti saiki wayahmu!
carane gampang!
pas dino kemis tanggal 31 mei JAM 7:19 BENGI ayo podo ngetwit bareng!
1. ngetwit : AKU AREK SUROBOYO #suroboyo719
2. nge-retweet twit @aslisuroboyo seng nulis : AKU AREK SUROBOYO #suroboyo719
3. ngetwit ngucapno ultah nang suroboyo terus diakhiri hashtag #suroboyo719
4. lek nulis hashtag #Suroboyo719 cukup 1 per-twit, GAK USAH AKEH-AKEH ce’ gak dikiro spam karo twitter
5. perhatikno penulisane, #suroboyo719 iku nggawe tulisan “suroboyo”
yo’opo carane iso ngerti lek wes jam 7:19 tet?
gampang, lek akun @aslisuroboyo wes ngetweet “AKU AREK SUROBOYO” berarti wes wayahe!
trus untunge opo ngetweet bareng ngene?
tulisan - AKU AREK SUROBOYO #suroboyo719 - iso dadi TTWW (trending topic worldwide), bakal didelok wong sa’dunyo nang twitter, paling gak kota liyane durung tau ngeraya’no ulang taon nang twitter koyo’ ngene. banggao sitik lek AKU AREK SUROBOYO iso dadi TTWW
ah, ngimpi cuk iso dadi TTWW?
OPTIMIS! lek koen gak ngetwit yo’opo iso dadi TTWW, masio twitmu mek 1 thok lho tetep di itung nang kene! dadi ojo lali ngetwit engko rek!
dadi mulai saiki catet nang reminder, pasang nang alarm, lek tanggal 31 mei 2012 iku ulang taone suroboyo rek!
seng bantu nyebarno iki berarti koen pancen bangga urip nang SUROBOYO!
seng teko kota liyo yo monggo lek gelem mbantu ngetwit bareng :)
nedho nerimo dulur :)

Kumpulan #komikAfika made in ASLIsuroboyo

gak ngurus salah opo bener, tapi iki gaya bahasaku cuk!

gak ngurus salah opo bener, tapi iki gaya bahasaku cuk!

#ParentalAdvisory OJO NYOBA IKI NANG OMAH, OPO MANEH NANG OMAHE TONGGO!

#ParentalAdvisory OJO NYOBA IKI NANG OMAH, OPO MANEH NANG OMAHE TONGGO!

DOLLYWOOD - surabaya’s heritage

DOLLYWOOD - surabaya’s heritage

Text

sa’durunge seng perlu di garisi nang kene “IKI JAREKU, GAK PEDULI OPO JARE WONG, SENG PENTING IKI PENDAPATKU IKI TULISANKU!” 

 

oke langsung ae, wuakeh arek seng takon karo ngomong nang aku :

1. opo seh artine jancok?

2. jancok iku duso lho!

mboh sopo seng mulai ngomong jancok, gak ono seng ngerti! pokoke sa’weruhku AREK SUROBOYO seng pertama kali ngomong iku! lek disadari seh “biyen awale” iku podo karo artine karo ngencuk (bersetubuh) tapi..tapi..tapi kata jancok iki ngalami perluasan kata. lek saiki jancok iku lek jareku dadi kata seng melok’i “expresi”

contoh :

“jancok, lali gak nggawa duwek cok!”

“hei jancok, yo’opo kabarmu cok?” 

“jancok, aku lulus sekolah cok!”

pas seneng ngomong jancok, pas susah ngomong jancok, pas lapo ae yo jancok!

 trus opo bedane karo FUCK?

saiki aku takon opo artine FUCK? ngencuk? padahal asline fuck iku gak ono hubungane karo artine ngencuk. fuck iku biyen teko singkatan Fornication Under Consent of The King (Hubungan intim telah mendapatkan ijin dari raja). 

bingung kok singkatane ngunu? 

ngene critane, pas jaman biyen nang inggris iku kabeh aturan diatur raja, sampe nang urusan nggawe anak/ngencuk! nah gawe seng pengen ngencuk opo nggawe anak iku kudu ijin nang raja, seng oleh ijin bakal oleh tanda tulisan FUCK seng dideleh nang ngarepe lawang omahe wong seng apene ngencuk iku!

saiki…

kedadeane FUCK karo jancok iki podo ae asline, FUCK akhire ngalami perluasan kata seng asale singkatan teko raja inggris, akhire artine iso dadi ngencuk, tapi pas jaman saiki kata fuck iki ngalami perluasan kata maneh, lek gawe wong inggris iku kata seng melok’i “expresi” pisan podo koyo’ jancok.

 tapi lek ngomong jancok karo fuck iku duso lho!

sopo seng ngomong duso? pasti dudu teko awakmu dewe toh? pasti dudu teko pikiranmu dewe toh? LEK JAREKU lho yo, jancok iku gak duso! saiki opo seng nggarai jancok iku dadi duso? opo gara-gara seng dipada’no karo ngencuk? LEK JAREKU jancok gk ono hubungane karo agama, tapi jancok iku mek masalah ETIKA karo mindset pikiranmu!

Seng jelas awakmu kudu ngerti panggon pas misuh, ono sopo nang kono, koncomu opo wong tuwomu. soale gak kabeh wong iso nrimo lek ono wong seng lambene misah-misuh ae. opo maneh lek dudu arek suroboyo.

awakmu ngomong jancok karo sopo? pas ono sopo? lek nang wong seng luweh tuwek seng gak ngerteni paling-paling mek ditapuk lambemu, nah lek misuhi wong seng ngerti paling yo dibales pisuhan yoan! tapi cobaen nang arek seng sa’pantaran awakmu, opo maneh koncomu dewe, paling yo dijarno ae, paling malah pisuh-pisuhan. malah ngguyu-ngguyu bareng! 

 

pas posoan = gak misuh?

sepurane aku dudu wong seng MUNAFIK pisan, gara-gara poso terus aku mandeg misuh, trus pas wes mari posoan misuh maneh! iku berarti aku munafik! 

Seng diarani wong munafik iku termasuk seng rai pabrikan pasar turi tapi pas misuh ngomong Fuck dudu jancok! Ce’ luwih keren ngunu tah? -_-

 

aku ngomong ngene dudu nggarai awakmu kudu misuh-misuh saben dino, saben jam, iki mek pendapatku ae. iki ngunu jareku, gak peduli cangkeme wong liyo. soale aku sadar pas nulis iki pasti ono ae wong seng PRO karo KONTRA tapi iku pancen pendapat wong beda-beda, tapi AKU GAK NGURUS! :)

sepurane lek basaku campur-campur, soale aku mek pengen tulisanku gampang di ngerteni 

nedho nrimo dulur :)


slamet ulang taon, suroboyoku #suroboyo718

slamet ulang taon, suroboyoku #suroboyo718

silvester stallone kenek GOMBAL


MEGAN FOX kenek #DUDUgombal maneh

MEGAN FOX kenek #DUDUgombal maneh